Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

NASIB DUWE BOJO GURU

PGRI.info; ada status menarik, yang ditulis dalam bahasa jawa tentang keluh kesah seorang suami/ istri memiliki istri/ suami seorang Guru. berikut isi statusnya:

Aku mbiyen mileh *yayang* cah sing kuliah neng pe ndidikan kie karepku ben dadi guru.... 
duwe wektu akeh nggo ngurusi anak bojo...
urep ayem tentrem....
mben sore iso lungguan neng ngarep omah karo guneman glenak-glenik... tur drajate guru neng ndeso iku di ajeni...
bayarane guru sa'iki yooooo wies lumayan, buktinya sing antri lungo kaji yooooo akeh .... Alhamdulillah Gusti ....
jebuleee ....
ora koyo sing tak karepke....
urusan mangan kadang² masak...
kadang² mung tuku lawuh matengan...
jare ra duwe wektu nggo masak...
mben esuk grobyakan kesusu selak mangkat mergo wedi telat...
(jare wedi karo cekloq, sopoooo tooo sejatine cekloq, kok sampek bojoku keweden ... ?!?!)
nek bali sore koyo wis loyooo ...
sambate ngalahno kuli panggul .....
neng ngomah mben dino dep²ane lap top...
Aku ra tau di dep blaszs, gelem ngedep yen ono butuhe, iku mung nako'no barange sing lali ndeleh...
jare nggawe perangkat...
nggawe soal...
nggawe laporan.... urusan administrasi thethek mbengek...
kadang ngabul abul kertas ra karu²an...
jare kon ngumpulke berkas...
bojo nyedak.....
anak nyedak...
di sentak²...
jare marai oran konsen... heeeem ....
(konsen kie opo toooo...?!?)
mengko nek bengi arep dijak turu awor..... disemayaniiiii ...
nganti aku keturon dewe...
jare kudu ngaploud data seik... mergo nek awan raiso... uuuangel... leleeed... (mbuh sing leled apane yooooo...)
sak iki meneh...
mumpung prei arep dijak tilek wong tuwo sing adoh sangkan parane... ra prei...
mben dino kudu pinjer prin.......
wayahe libur kon diklat,,,,,,wayahe nyenengke anak wayahe jatah piket,,,,,,,,,,,,, onooo ae alasane .....
Ooalah nasiiib...
nasiiib......😇😇😇
nduwe bojo guru jaman now...( aku banget)
Tros aku kuduu pie jal
PENAK DUE BOJO TUKANG LAMPU. TANI. LAN liyo2ne

diambil dari status fb; Hardi Suwardi Jonk Tuban

Posting Komentar untuk "NASIB DUWE BOJO GURU"